Batik Pati Lingsir Wengi

Pati Night Carnival
“Batik Pati Lingsir Wengi”


Pati Night Carnival kang digelar dina Sabtu 9 Agustus 2014 swasanane regeng banget. Katitik kegiyatan kuwi bisa narik kawigatene ewonan warga kang ngebaki Alun-alun Simpang Lima Pati nganti tekan Kantor Disnakertrans Pati.
Saben peserta lomba adu kreasi supaya bisa dadi pemenang ana ing acara kasebut. Ajang adu kreativitas mamerake kostum dening para peserta. Maneka warna tema lan model kang dipamerake supaya bisa narik kawigatene penonton. Maneka warna kostum kang dienggo para model kanthi seni tari sarta aksi teatrikal klakon gawe gumune masyarakat kang jejel riyel nonton event kasebut. Dalanan sadawane rute kang diliwati karnaval kasebut dikebaki para warga. Salah sawijining peserta kang katon gawe senenge para warga kang nonton yakuwi peserta saka “Cah Juwana Pluralitas” (CJP) kang nggawa ogoh-ogoh raksasa. Ogoh-ogoh raksasa sing dhuwure kira-kira patang meter kuwi nganggo bathik Bakaran minangka produk unggulan ing dhaerah Juwana.
CJP duwe maksud kepengin arep mbabar wujuding kreativitas generasi mudha,” ujare Anang Maulana minangka perwakilan CJP. Dene MA Salafiyah Kajen nggunakake cara kang beda kanggo narik kawigatene masyarakat. Kanthi konsep teater, aksi karnaval kababar kanthi cara nyaritakake lelakon. Kostum unik kang digawe kanthi tema prajurit romawi lan monster.
Dheweke kepingin nuduhake sedya yen bathik asli Pati kudu dilestarekake. Aja nganti kalah karo bathik liyane apa maneh bathik kang asale saka manca nagara utawa aja nganti bathik minangka warisane para leluhur diakoni lan dikuwasani dening wong manca,” ujare Arif Sutoyo salah sawijine guru MA Salafiyah Kajen.
Bupati Pati, Haryanto penggalihe rumangsa bombong utawa mongkok marang kreatifitas warga Pati kasebut. Pangandikane Bupati Pati “Aku rumangsa bungah anane pagelaran kang  dianakake warga masyarakat Kabupaten Pati.” Bupati Pati ngajab kreativitas kaya ngene kudu bisa terus tuwuh ngrembaka.
Penanggung jawab acara Widyatmoko ngadharake, cacahe 41 klompok kang melu ngregengake acara kasebut. Dene pesertane ana sing saka pelajar SMA sadrajat lan saka umum.
“Saliyane lomba kostum, peserta uga diparingi kalodhangan kanggo mamerake kaluwesan ana ing panggung kehormatan. Saben peserta diwenehi wektu kanggo mamerake kaprigelane lan kaluwesane kira-kira 3 menit,” ujare Widyatmoko.

Video Pati Batik Carnival



Previous
Next Post »

Label Pilihan