Upacara Adat

Tindakna pakaryan-pakaryan ing ngisor iki!

1.    Semaken teks ing ngisor iki kanthi permati!
2.    Tandhani tembung-tembung kang ora kok ngerteni. Yen perlu ditulis!
3.    Perlu digatekake yen ing ngisor teks ana kamus kecik kanggo nuntun para siswa supaya bisa mangerteni isine teks. Yen isih ana tembung sing ora kok ngerteni coba diskusi utawa bukaken Kamus Jawa!
4.    Yen wis rampung anggone nyemak coba wangsulana pitakon-pitakon (Quiz) kang ana ing postingan candhake.
5.    Para siswa diskusi kanggo ngrembug bab isi wacana lan kepiye carane nyritakake maneh kanthi cara tinulis.
6.    Para siswa diskusi diwakili salah siji siswa saperlu kanggo ngandharake isi wacana kanthi cara lisan.

7.    Kabeh siswa gawe ringkesaning wacana kanthi cara tinulis adhedhasar asiling dhiskusi.

Kirab Boyongan Adegipun Kabupaten Pati

Pengetan Ambal warsa Dinten Adegipun Kabupaten Pati ingkang kaping 691, bdhe andadosaken prastawa wigati kangge warga masyarakat Pati. Jalaran wonten ing pengetan punika dipunwontenaken Kirab Prosesi Boyongan Kabupaten Pati ingkang dipunadani gangsal taun sepisan.
Kirab prosesi boyongan ingkang mujudaken minangka gambaran (visualisasi) boyongan punjering paprentahan saking pendhapa Kemiri, Dusun Sarirejo hatengd Kaborongan, Pati Lor badhe dipunlaksanakaken benjang dinten Kamis (7/8) nyarengi Pengetan Ambal Warsa Dinten Adegipun Kabupaten Pati.
Mituurut pangandikanipun Sekda Kabupaten Pati, Drs. Desmon Hastiono, kirab prosesi boyongan badhe kawiwitan tabuh 08.00 ing Pendhapa Kemiri kanthi dipunjejeri dening Bupati, Wakil Bupati, FORKOMPINDA, Kepala SKPD, camat lan kepala desa saha lurah ing Kabupaten Pati.
Kangge miwiti pengetan Dinten Adegipun Kabupaten Pati badhe dipunwontenaken slametan utawi bancakan ingkang mapan ing Pendhapa Kemiri sonten punika (5/8), kalajengaken ziarah dhateng pasareanipun Bupati Tombronegoro ing Jalan Panglima Sudirman.
Benten kaliyan adat sabenipun, dene ziarah dipunwontenaken sabibaripun upacara pengetan Dinten Ambal Warsa, kangge wekdal punika ziarah wonten ing pasareanipun Bupati Tombronegoro dipunadani minangka purwaka rerangkening kegiyatan Pengetan Ambal warsa Adeging Kabupaten Pati sasampunipun slametan ing Pendhapa Kemiri.
Sekda Kabupaten Pati ngajab dhateng masyarakat Pati sageda ndherek mengayubagya pengetan punika kanthi dherek angestreni sarta ningali kirab prosesi boyongan ing uruting margi ingkang dipunginakaken lumampahing rombongan kirab.
Dene lumampahing kirab badhe kawiwitan saking Pendhapa Kemiri tumuju dhateng Tugu Tani, kalajengaken dhateng Jl. Pemuda ngantos Alun-alun Pati lan dipunpungkasi ing Pendhapa Kabupaten Pati.
Kejawi kirab prosesi boyongan, rerangken kegiyatan Pengetan Ambal Warsa Adegipun Kabupaten Pati, Pemkab Pati ugi badhe ngawontenaken Rapat Paripurna Istimewa DPRD Kab. Pati tanggal 6 Agustus 2014 tabuh 19.30 mapan ing Gedung DPRD Pati, kalajengaken syukuran sarta Pagelaran Kethoprak kanthi lampahan babad Pati  “Sejarah Pati,” ing  Pendhapa Kemiri.


Gambar swasana rikala Bapak Bupati Pati
ziarah wonten ing pasareyanipun Bupati Tombronegoro

Gambar: swasana rikala lumampahipun Kirab Boyongan
Bupati Pati sekaliyan garwa nitih kreta.



First

Label Pilihan